Purwakanthi
Purwakanthi yaiku tetembungan kang
padha swarane utawa kang padha aksarane,. Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku
purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa
(lumaksita).
A. Purwakanthi guru swara yaiku tetembungan
sing nunggal swara, kayata:
1. Opor-opor bebek,
mentas saka awake dhewek.
2. Kudu jujur,
yen kepengen mujur.
3. Thenguk-thenguk
nemu gethuk.
Cathetan:
Parikan iku uga kalebu ewone
purwakanthi guru swara.
1. Abang-abang ora
legi, tiwas magang ora dadi.
2. Wetan mendhung
kulon mendhung. Aling-aling godhong jarak.
Bapak nundhung simbok nundhung. Kowe dhewe sing
murang sarak.
1.
Wanita sugih wawasan wasis asung wewarah.
2.
Katula-tula katali
3.
Sluman, slumun, slamet
C.
Purwakanthi guru basa yaiku tetembungan sing nunggal basa utawa tembung,
kayata:
1.
Kolik priya, priyagung anjani putra.
2.
Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha.
3.
Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna.
Cathetan:
Tuladha purwakanthi kasebut sabenere
pethilan saka wangsalan sing genepe mangkene:
1. Kolik priya,
priyagung anjani putra, tuhu eman wong anom wedi
kangelan. Kolik priya arane tuhu, priyagung anjani putra iku Raden Anoman.
2.
Witing klapa, kalapa kang
maksih mudha, salugune mung mardi pikir raharja. Witing
klapa arane glugu; kalapa kang maksih mudha (klapa sing isih enom) arane
cengkir.
3. Kawi
sekar, sekar pepundhen Sri Kresna, lir puspita warnane kusumeng
pura. Basa kawine sekar yaiku puspita, sekar senjatane Sri Kresna
yaiku Wijaya Kusuma.
CONTO :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kretasana.
Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
PURWAKANTHI GURU SWARA
1. Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.
2. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon. Aja banter-banter mundhak keblinger.
3. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
4. Yen gelem obah bakal mamah.
5. Anak polah bapa kepradhah (paribasan)
6. Apik kemripik nancang kirik (paribasan).
7. Ati bengkong oleh oncong (paribasan)
8. Bacin-bacin iwak, ala – ala sanak (paribasan).
9. Bandhol ngrompol (paribasan).
10. Buntel kadut ora nginang ora udut (paribasan).
11. Calak cangkol, kendhali bol, cemethi tai (paribasan).
12. Ciri wanci lelai ginawa mati (paribasan).
13. Gajah ngidak rapah (paribasan).
14. Gemblung jinurung, edan kuwarisan (Paribasan).
15. Keplok ora tombok.
16. Kumenthus
ora pecus (paribasan).
17. Mengkak –
mengkok ora wurung ngumbah popok. (paribasan).
18. Opor bebek
mentas awake dhewek
19. Londho –
londho walang sangit nggendhong kebo (paribasan)
20. Sadawa –
dawane lurung isih dawa gurung (paribasan)
21. Tuna satak
bathi sanak (paribasan)
22. Tunggak jarak
mrajak, tunggak jati mati
23. Wastra
bedhah kayu pokah (paribasan)
24. Anut grubyug
ora ngerti ing rembug (paribasan).
25. Wong busuk
ketekuk, wong pinter keblinger.(paribasan)
26. gumarenggeng
anggereng anggeng gumrunggung (Wedhatama)
PURWAKANTHI GURU
SASTRA
1. Para mudha
kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon
2. Dhasare wong
jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
3. Sing sapa
salah bakale seleh.
4. Durung
acundhuk acandhak (paribasan).
5. Garang
nanging garing (paribasan).
6. Sanajan ora
keris yen keras (paribasan).
7. Sluman slumun
slamet.
8. Yen tan
mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun (Wedhatama).
9. Saya elok
alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si pingging
(Wedhatama).
10. Kadi ta guwa
kang sirung, sinerang ing maruta, (Wedhatama).
PURWAKANTHI
LUMAKSITA
1. Lela lela
linali saya kadriya, driyasmara marang risang kadi Ratih, Ratih ratu
ratuning wong Cakrakembang, kembang wijayakusuma asih mring kula.
2. Bung – bung
pait bung pait kuwihe maha, maha-maha lintrik cah cilik digondhol kirik,
kirik-kirik belang nyang pawon kesiram wedang, wedang – wedang bubuk kemriyuk
gulane remuk.
3. Carang
wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
(wangsalan).
4. Witing klapa,
klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja. (wangsalan).
5. Bayem arda,
ardane ngrasuk busana. Mari anteng besuse saya ketara (wangsalan).
6. Begja-begjane
kang lali, isih begja kang eling lawan waspada (Kalatidha).
Katrangan :
Laksita = laku, kalakuan.
Lumaksita = lumaku.
Bapang = blabag njepapang dipaku ing cagak (dianggo tetenger nuduhake dalan, katrangan jenenge desa lsp.
Kepradhah = diukum
Oncong = urubing obor.
Bandhol = gegedhuge wong ala, maling lsp.
Kadut = karung
Rapah = pasangan, jebakan.
Wastra = jarit
Garang = gagah, sugih
Pingging = bodho
Sirung = peteng singup
Driya = tuking pangrasa, ati
Wreksa = kayu
Wilis = ijo
Patra = lenga
Arda = pangangsa-angsa, hawa nepsu, murka
Laksita = laku, kalakuan.
Lumaksita = lumaku.
Bapang = blabag njepapang dipaku ing cagak (dianggo tetenger nuduhake dalan, katrangan jenenge desa lsp.
Kepradhah = diukum
Oncong = urubing obor.
Bandhol = gegedhuge wong ala, maling lsp.
Kadut = karung
Rapah = pasangan, jebakan.
Wastra = jarit
Garang = gagah, sugih
Pingging = bodho
Sirung = peteng singup
Driya = tuking pangrasa, ati
Wreksa = kayu
Wilis = ijo
Patra = lenga
Arda = pangangsa-angsa, hawa nepsu, murka
No comments:
Post a Comment